Soal Ujian Sekolah US Bahasa Jawa SD Kelas 6 2022 lengkap Kunci Jawaban

Soal US Bahasa Jawa Kelas 6 – Berikut kami sampaikan contoh soal ujian sekolah Bahasa Jawa bagi kelas 6 SD 2022 lengkap dengan kunci jawaban. Soal ini hanyalah sebagai referensi adik-adik belajar sebelum menghadapi ujian Bahasa Jawa yang sesungguhnya.

soal ujian sekolah bahasa jawa kelas 6

Dalam contoh soal ujian sekolah (US) Bahasa Jawa kelas 6 di bawah untuk kunci jawaban tidak kami sertakan dalam postingan kali ini melainkan kami impan pada google drive. Hal ini agar adik-adik mau menjawab soal-soal secara mandiri terlebih dahulu dan tidak terlalu berharap pada kunci jawabannya.

Silahkan menjawab sendiri soal-soal ujian sekolah US Bahasa Jawa kelas 6 2022 di bawah kemudian cocokkan jawaban kalian dengan kunci jawaban. Di cek salah dan betulnya berapa, jika banyak yang benar berarti adik-adik sudah siap menghadapi ujian sesungguhnya nantinya.

Soal US Bahasa Jawa Kelas 6 2022

Jumlah soal ujian sekolah US Bahasa Jawa SD Kelas 6 tahun 2022 di bawah adalah 40 untuk pilhan ganda dan 5 soal uraian.

*Soal Pilihan Ganda US Bahasa Jawa Kelas 6 SD

1. Salah sijine jinis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan yaiku…

A. puisi
B. pantun
C. geguritan
D. kasusastran

2. Gatekna geguritan!

“Sekolahku”

Sekolahanku,
Panggonan anggonku golek ngilmu
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sinau, maca buku Ing panggonan iki
Aku diajari aku digladi

Geguritan ing dhuwur irah-irahane ….

A. golek ngilmu
B. sinau maca
C. rumahku
D. sekolahku

3. Bapake para pandhawa yaiku…

A. Pandu Dewanata
B. Puntadewa
C. Yudistira
D. Pandhita Durna

4. Kegiyatan kang ditindakne ajeg saka jaman mbiyen tumekaning saiki diarani ….

A. tradhisi
B. piknik
C. upacara
D. sesaji

5. Aksara jawa yen diparingi sandhangan suku (u) unine ….

A. i
B. u
C. e
D. o

6. Wacanen kanthi permati!

Sawijining wektu, ana randha tuwa karo anak lanange. Bocah kasebut nduweni awak sing wujude aneh. Awake iku wujude kaya kendhil. Mangkane wong padha ngarani Joko Kendhil. Sanajan awake Joko ora padha kaya manungsa liyane, ibune tresna banget marang dheweke. Apa wae sing dijaluk Joko, ibune mesthi nuruti. Joko tuwuh dadi bocah sing seneng. Dheweke dikenal dadi bocah sing jenaka. Nanging kadang kala Joko uga nakal.

Ukara kang trep kanggo nggambarake crita neng ndhuwur yaiku…

A. Joko Kendil nduweni praupan kan nyengsemake.
B. Ibune lingsem ndhuwe putra Joko kendil.
C. Panjalukane Joko Kendil ora tau dituruti.
D. Ibune tresna banget marang Joko kendil.

7. Gatekna Tembang!

Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Guru lagu lan guru wilangan gatra kaping telu tembang ing ndhuwur yaiku ….

A. 12 u
B. 12 i
C. 11 u
D. 11 i

8. Wacanen kanthi permati!

Bayi lanang kang durung duwe jeneng iku dicandhak dening si gajah. Bayi mau nuli dibanting. Anehe si bayl ora mati. Bayi mau malah sangsaya gedhe. Sidane, si gajah lan bayi kang wis maleh dadi bocah enom iku padha perang. Si gajah kalah banjur mati.

Bayi kang dibanting dening gajah kahanane …

A. mati lan remuk
B. ajur sakwalang-walang
C. sangsaya gedhe
D. sangsaya gembedhe

Baca Juga:  Soal Ujian Sekolah US Bahasa Indonesia SD Kelas 6 2022 lengkap Kunci Jawaban

9. 

Ukara ing ndhuwur migunakake sandangan ….

A. wulu, taling tarung, suku
B. pepet, taling tarung, suku
C. wulu, taling tarung, pepet
D. wulu, pepet, suku

10. 

Ukara aksara Jawa ing ndhuwur migunakake sandhangan wulu kang unine….

A. e
B. o
C. u
D. i

11. Cekap semanten atur kula, bilih wonten kiranging atur kula nyuwun pangapunten.

Perangan pidhato ing ndhuwur kalebu ing perangan….

A. salam pambuka
B. pangarep-arep
C. purwaka
D. panutup

12. Ora obah ora mamah, iku kalebu purwakanthi…..

A. swara
B. basa
C. sastra
D. lumaksita

13. Jeneng liyane Raden Yudhistira yaiku ….

A. Werkudara
B. Puntadewa
C. Janaka
D. Sadewa

14. Saiki wes mangsa…… saben dina udane deres.

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ….

A. pancaroba
B. paceklik
C. ketiga
D. rendheng

15. aksara pasangan kang ana ing saburine aksara paten yaiku aksara…..

16. Paugeran tembang macapat kang sinebut guru lagu yaiku ….

A. tibaning tembung ing pungkasaning gatra
B. tibaning swara ing pungkasaning gatra.
C. cacahing wanda saben sagatra
D. cacahing gatra saben sapada

17. Wacanen kanthi permati!

Sekar pangkur ngilmu nyata
Diwiwiti sing sabar lan prihatin
Nimba ngilmu marang guru
Wayah isuk lan awan
Murih sukses sinau ngilmu kang luhur
Ampun supe bab agama
Bab agama marang Gusti

Guru wilangan lan guru lagu gatra katelu tembang Pangkur ing ndhuwur yaiku…

A. 7a
B. 7u
C. 8a
D. 8u

18. Wacanen kanthi permati!

Timun Mas

Ana Mbok Randha sing urip dhewe ora ana anak utawa sedulur. Saben dina Mbok Randha ndonga ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Anggone donga kerungu Buta Ijo sing kebeneran liwat sacedhake kana, Buta 1jo banjur nyeluk Mbok Randha supaya metu saka omahe. Buta ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. Sabanjure Buta Ijo iku menehi wiji timun sing kudu ditandur Mbok Randha.

Buta ljo nulungi Mbok Randha kanthi menehi…

A. anak
B. timun
C. sedulur
D. wiji timun

19. Dewi Srikandhi kuwi anake Raja Cempalareja sing jenenge Prabu Drupada.

Ukara ing ndhuwur menawa ditulis nganggo basa krama yaiku ….

A. Dewi Srikandhi kuwi anakipun Raja Cempalareja ingkang jenengipun Prabu Drupada.
B. Dewi Srikandhi menika anakipun Raja Cempalareja ingkang jenengipun Prabu Drupada.
C. Dewi Srikandhi menika putranipun Raja Cempalareja ingkang asmanipun Prabu Drupad.
D. Dewi Srikandhi kuwi putranipun Raja Cempalareja ingkang asmane Prabu Drupada.

20. 

Ukara ing ndhuwur nggunakake pasangan…..

A. ca
B. ba
C. ja
D. tha

21. Wacanen kang permati!

Candhi Barabudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Tekan saiki Candhi Barabudhur isih dadi papan wisata kang kondhang lan gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.

Minurut crita ing ndhuwur kang kinubengan reca Budha yaiku….

A. tataran bunder
B. tataran pasegi
C. cungkup puser
D. stupa-stupa

Baca Juga:  45 Soal Ujian Sekolah (US) SBdP Kelas 6 SD/MI Tahun 2021/2022 dan Kunci Jawaban

22. Ing ngisor iki ukara kang trep kanggo matur marang bapak, yaiku ….

A. Bapak menapa sampun maem?
B. Bapak menapa sampun dhahar?
C. Bapak menapa wis nedha?
D. Bapak napa sampun nedhi?

23. Kepyak ana ing pagelaran wayang gunane kanggo …..

A. iringan dhalang
B. thuthuk kothak
C. mainke wayang
D. jejerake wayang

24. Tukua pisang ….. wae ya! Kanggo nyuguh tamu.

Tembung kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku….

A. sajanjang
B. saepek
C. sauler
D. salirang

25. Gatekna gambar!

Gambar wayang ing ndhuwur jenenge…

A. Yudhistira
B. Bima
C. Arjuna
D. Sadewa

26. Wacanen kang permati!

Badminton yaiku salah sijine olahraga kang disenengi ing akeh kalangan. Badminton biasa dimainke ing njero ruangan, kaya dene GOR Badminton iku bisa dimainke nalika kanggo refresing utawa kanggo lomba saka lokal tumeka internasional. Mula akeh sing padha seneng olahraga siji iki, amarga ora mung gawe awak sehat nanging bisa ngasilake lan ngembangne bakat.

Kang dirasakake menawa olahraga badminton yaiku ….

A. seneng atine lan sehat
B. ngasilake nanging kesel
C. seneng ananging boros
D. ngasilake, kesel lan boros

27. Kabeh ora padha ngerti sali kowe neng ngendi. Nanging kabeh mau wis kejawab nalika aku ketemu kangmasmu ing Jakarta. Muga-muga awake dhewe tansah dadi sedulur sinarawedi

Tembung sinarawedi padha tegese karo …..

A sedulur adoh
B. raket banget
C. kakang adhi
D. ora isa pisah

28. Padha gulangeng ing kalbu.

Tembung gulangen padha tegese karo

A. tumandang
B. kurangana
C. kelakon
D. latihen

29. 

Ukara Jawa ing ndhuwur diwaca ….

A. Astini nunggu sepur
B. Astini nitih sepur
C. Astini numpak sepur
D. Astini nonton sepur

30. “gambar rakyat” yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ….

32. Wacanen kang permati!

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah inggih menika Bapak Jaryanto, ugi Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani. Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kesarasan dhateng kita sedaya.

Perangane sesorah ing ndhuwur kalebu …..

A. salam pambuka
B. purwaka
C. pengarep-arep
D. panutup

33. Kang kudu digatekake menawa lagi sesorah yaiku suara kudu ….

A. banter
B. alus
C. lirih
D. cepet

34. Wacanen kang permati pacelathon ing ngisor iki!

Yusuf        : “Bu, Ibu.”

Ibu            : “Ana apa Suf”

Yusuf        : “Ibu pirsa bab pewayangan”

Ibu            : “Ya, sethik sithik ngerti, bab apa ta?”

Yusuf        : “Menika lhe, bab perang Baratayuda.”

Ibu            : “O, kuwi ta, genah perange Pendhawa karo Kurawa ta.” 

Yusuf        : “Menawi menika sampun ngertos, Bu Sebabe perang kok.”

Ibu            : “Ooo, kuwi amarga rebutan warisan negara Astina.”

Ana pacelathon ing ndhuwur Yusuf nakokake babagan ….

Baca Juga:  Soal Ujian Sekolah US IPS SD Kelas 6 2022 lengkap Kunci Jawaban

A. pewayangan
B. perang Baratayuda
C. sebabe perang Baratayuda;
D. rebutan warisan Negara Astina

35. Wacanen kang permati pacelathon ing ngisor iki!

Irvan        : “Buk, nembe masak napa?”

Ibu           : “Iki lho masak jangan lodheh karo goreng gereh asin Le. Ayo gage ndang mangan dhisik!” 

Irvan        : “Sekedhap Buk, Nadhif ajeng garap tugas riyin.”

Ibu           : “Yawis, iki dilerne sega dhisik ya karo ibu?”

Irvan        : “Inggih Buk, ….”

Ukara kang trep kanggo nerusake pacelathon ing ndhuwur yaiku…

A. mangga
B. kula nuwun
C. pangapunten
D. matur nuwun

36. Wacanen kang permati pacelathon ing ngisor iki!

Windy            : “Assalamu alaikum, Nis

Nisa               : “Wa’alaikumsalam, Win. Ana apa Win?” 

Windy            : “Apa kelasmu sesok ana pelajaran Basa Jawa?”

Nisa                : “Ora ana, Win. Ana apa?”

Minurut pacelathon ing ndhuwur gunane tandha petik kanggo nengeri…..

A. aturan pacelathon
B. jeneng wong
C. ukara langsung
D. ukara salam

37. Kang ora kalebu tembung pitakon ing ngisor iki yaiku….

A. yahmene
B. yagene
C. knapa
D. piye

38. Wacanen kang permati pacelathon ing ngisor iki!

Nita            : “Dhik Ria, lagi sibuk ta Dhik?”

Ria             : “Mboten mbak, wonten napa nggih mbak?”

Nita            : “Tukokna mie ning warung ngarep ya Dhik!”

Ria             : “Nggih Mbak, pinten miene?”

Pacelathon ing ndhuwur ngrembuk babagan….

A. Ria njaluk tulung Nita
B. Ria arep neng warung
C. Nita njaluk tulung Ria
D. Nita arep tuku mie

39. “Wit jeruk ana kebon mburi”

Ukara ing ndhuwur menawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku …..

40. Gatekna ukara Jawa!

Aksara jawa ing dhuwur menawa ditulis latin dadi….

A. dikongkon munggah kelas
B. durung munggah kelas
C. bisa munggah kelas
D. bisa munggah teras

*Soal Uraian US Bahasa Jawa Kelas 6

41. Apa arane Sandhangan swara “”?

42. Tulisen jinise purwakanthi kang ana ing ukara ngisor iki!

“Jarene kepengin maju, jebul ora gelem sinau”

43. Banjir lahar adhem kang disebabake dening… tanpa leren ing puncak Merapi uga njalari wong 3.554 warga Desa Jumoyo lan Sirahan… menyang lokasi penampungan.

Tulisen lan jangkepana ukara ing ndhuwur supaya dadi ukara kang runtut!

44. “Aja pijer mangan nendra”

Apa tegese ukara ing ndhuwur?

45. Tulisen nganggo aksara Jawa “Hartadi maju lomba!”

Untuk mendapatkan soal dan melihat kunci jawaban US Bahasa Jawa Kelas 6 SD 2022 di atas bisa klik link berikut ini!

Download Soal US Bahasa Jawa Kelas 6

Lihat Kunci Jawaban US Bahasa Jawa Kelas 6

Demikian contoh Soal Ujian Sekolah US Bahasa Jawa SD Kelas 6 2022 lengkap Kunci Jawaban yang dapat kami bagikan. Semoga bermanfaat.

Leave a Comment