Soal PAT/UAS/UKK Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Semester 2 Thn 2021/2022

Halo adik-adik pada kesempatan yang baik ini kami ingin berbagi yaitu contoh soal latihan penilaian akhir tahun (PAT) Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI semester 2 kurikulum 2013 tahun ajaran 2021/2022 lengkap dengan kunci jawaban.

soal pat bahasa jawa kelas 6 semester 2

Contoh soal PAT Bahasa jawa Kelas 6 Semester 2 (Genap) K13 ini dapat adik-adik pakai sebagai referensi belajar sebelum menghadapi ulangan yang sesungguhnya. Soal ini juga dapat dijadikan orangtua wali murid sebagai pendamping anak anda belajar persiapan UAS nantinya.

Untuk soal PAT Bahasa Jawa pada Kelas 6 SD Semester 2 ini juga kami lengkapi dengan kunci jawaban. Akan tetapi kunci jawabannya kami berikan dalam bentuk link yang dapat dibuka pada google drive.

Mengapa kunci jawaban soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester Genap 2022 ini kami simpan di google drive? hal ini agar adik-adik mampu belajar menjawab soal dengan sendiri lalu dicocokkan dengan jawaban yang ada, sehingga akan tahu akan kemampuan adik-adik dalam menjawab soal.

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

Berikut Kisi-kisi Soal PAT/UKK/UAS Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 2022 beserta kunci Jawaban TA 2021/2022 dengan jumlah 35 soal pilihan ganda, 10 isian, dan 5 soal uraian.

*Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

1. Micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu, iku pengertian saka ….

a. geguritan
b. sesorah
c. sajak
d. parikan

2. Kang kudu disiapake nalika arep gawe sesorah yaiku ….

a. dhadaran
b. cangkriman
c. congkrongan
d. geguritan 

3. Kang kudu digatekake menawa sesorah suara kudu ….

a. banter
b. alus
c. lirih
d. cepet

4. Sikap kang kudu digantekake nalika sesorah yaiku ….

a. mesam-mesem
b. ndhingkluk
c. ndhangak
d. mantep lan tatag

5. Urutane sesorah yaiku ….

a. isi – panutup – purwaka – salam pambuka – pengarep – arep
b. panutup – salam pambuka – isi – pengarep – arep – purwaka
c. salam pambuka – purwaka – isi – pengarep – arep – panutup
d. salam pambuka – isi – panutup – pengarep – arep – purwaka

6. Wacanen kang permati kanggo mangsuli pitakon nomor 6 – 8!

Assalamualaikum wr. wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah inggih menika Bapak Jaryanto, ugi Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani. Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kesarasan dhateng kita sedaya.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 6 ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun katur Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula lan sak rencang wonten pawiyatan punika ingkang dangunipun enem warsa.

Mboten keraos kula lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula piyambak lan sak rencang nyuwun agenging pangapunten dhumateng Bapak/Ibu Guru amargi sakdangunipun enem warsa ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Kula lan sak rencang menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru kersa paring pangapunten sedaya kelepatan kula lan sak rencang.

Satuhunipun kula lan sak rencang awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan punika amargi sedaya ingkang wonten mriki sampun kados sedherek lan keluwarga. Namung amargi kula lan rencang-rencang kedah nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, kula lan rencang-rencang kedah saged ikhlas nilaraken pawiyatan punika. 

Baca Juga:  Soal PAT/UAS/UKK Bahasa Jawa Kelas 1 SD/MI Semester 2 Thn 2021/2022

Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula nyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

Isi sesorah ing ndhuwur ngenani babagan ….

a. nggulawenthah
b. pawiyatan
c. perpisahan
d. ngangsu kawruh

7. Kang kasebut kinurmatan ana ing sesorah ing ndhuwur yaiku ….

a. Bapak Jaryanto, Bapak-Ibu Guru lan rencang-rencang
b. Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu Guru
c. Bapak Kepala Sekolah lan rencang-rencang kelas 6
d. Bapak-Ibu Guru lan rencang-rencang kelas 6

8. Kang kalebu panutuping sesorah ing ndhuwur yaiku …

a. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah inggih menika Bapak Jaryanto, ugi Bapak – Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.
b. Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula lan rencang-rencang.
c. Satuhunipun kula lan sak rencang awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan punika amargi sedaya ingkang wonten mriki sampun kados sedherek lan keluwarga.
d. Kadosipun sampun cekap anggen kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula nyuwun agenging pangapunten.

9. Salam pambuka sesorah ing ndhuwur yaiku ….

a. Assalamu’alaikum wr. wb.
b. ingkang kinurmatan
c. ngaturaken puji syukur
d. Wassalamu’alaikum wr. wb

10. Aja sok ngganggu katentreman liyan. Urip iku kudu rukun karo liyan supaya dadi ….

a. apik
b. tentrem
c. seneng
d. rancah

11. Ing ngisor iki kang kalebu tembung krama inggil yaiku ….

a. nerusne
b. nerusake
c. nglajengake
d. nglajengaken

12. Wacanen kang permati pacelathon!

Nadhif  : “Buk, nembe masak napa?” 
Ibu  : “Iki lho masak jangan lodheh karo goreng gereh asin Le. Ayo gage ndang mangan dhisik!”
Nadhif  : “Sekedhap Buk, Nadhif ajeng garap tugas riyin.” 
Ibu  : “Yawis, iki dilerne sega dhisik ya karo ibu?”
Nadhif  : “Inggih Buk, ….”

Ukara kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ….

a. pangapunten
b. matur nuwun
c. mangga
d. kula nuwun

13. Pacelathon ditulis nganggo tandha pethik loro. Tandha pethik nuduhake ukara ….

a. langsung
b. pitakon
c. pituduh
d. sambungan

14. Wacanen kang permati pacelathon!

Windy  : “Assalamu`alaikum, Nis”.
Nisa    : “Wa`alaikumsalam, Win. Ana apa Win?”
Windy  : “Apa kelasmu sesok ana pelajaran Basa Jawa?”
Nisa    : “Ora ana, Win. Ana apa?”
Windy  : “Aku oleh nyilih Pepak Basa Jawa ora?”
Nisa    : “Ana tugas apa kelasmu?”
Windy  : “Nggawe cerita nggawe aksara jawa. Kelasmu ana tugas kuwi pora?”
Nisa    : “Ora ana, Win.”
Windy  : “Kok penak banget. Aku nyilih pepakmu ya?”
Nisa    : “Iya, Win. Sesuk ya tak gawane.”
Windy  : “Suwun, Nis”

Pacelathon ing ndhuwur yaiku migunakake ragam basa ….

a. krama inggil
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. krama lugu

15. Menawa awakmu arep nyilih samubarang marang wong liya kudu ….

a. matur sing apik
b. nembung kang banter
c. langsung dijupuk wae
d. nyilih dhisik lagi nembung

16. Kang kalebu ukara pitakon yaiku …

a. Bapak tindak nitih sepedha.
b. Bapak tindak nitih sepur.
c. Bapak tindak Jakarta.
d. Bapak tindak nitih apa?

17.Jono : “Badhe tindak pundi Bu Lik?”

Baca Juga:  Soal PAT/UAS/UKK PKn Kelas 6 SD/MI Semester 2 Thn 2021/2022

Bu Lik : “Arep menyang Magelang.”

Jono : “Tindak Magelang nitih punapa, Bu Lik?”

Bu Lik : “….”

Ukara kang trep kanggo nerusake pacelathon ing ndhuwur yaiku …

a. Kula badhe nitih sepur. 
b. Kula badhe numpak sepur.
c. Aku badhe nunggang sepur.
d. Aku arep numpak sepur.

18. Topik kang dibahas pacelathon ing ndhuwur yaiku ….

a. pendidikan
b. doltinuku
c. lelungan
d. unggah ungguh

19. Wacanen kang permati pacelathon kanga njawab pitakon nomor 19 – 22!

Bapak : “Lagi apa ta Ndhuk?”
Dini : “Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi ingkang dereng kula mengertosi”.
Bapak : “Babagan apa ta Ndhuk?”
Dini     : “Tegesipun nakdherek menika napa Pak?”
Bapak : “Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah.”
Dini     : “Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Rini putranipun Pak Dhe Tirto menika ugi saged dipun wastani nakdherek?”
Bapak : “Iya bener Ndhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe karo Rini iku nakdulur.“

Ana ing pacelathon ing ndhuwur Dini lagi ….

a. lagi sinau 
b. nderek bapak
c. melu ibu
d. lagi sekolah

20. Kang ditakonake Dini marang bapake yaiku babagan ….

a. nulis aksara jawa
b. kegiatane bapak
c. kabare bapak
d. tegese tembung

21. Anggone matur Dini marang bapake nggunakake basa ….

a. ngoko alus
b. krama inggil 
c. krama alus
d. krama madya

22. Basa kang digunakake Bapak marang Dini yaiku ….

a. ngoko lugu
b. ngoko kasar
c. ngoko alus
d. ngoko campuran

23. Kang kelebu ngoko alus yaiku …

a. Kula tindak nalika simbah sare.
b. Aku budhal nalika simbah turu.
c. Kula budhal nalika simbah sare.
d. Aku budhal nalika simbah sare.

24. Tibaning swara ana saben gatra tembang macapat arane ….

a. guru wilangan
b. guru lagu 
c. guru swara
d. guru nadhi

Wacanen tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 27 – 29!

Sinom 

Wonten malih caritanya
Tuladha kang wonten nguni
Satriya panglebur gangsa
Kumbakarna bela nagri
Kang rinusak ing kapi
Prangnya tan mbela myang ratu
Kang wataknya angkara
Temah gugur labuh nagri

25. Sinom iku kelebu tembang ….

a. dolanan
b. tengahan
c. macapat
d. gendhing

26. Guru lagu lan guru wilangan gatra kaping 4 yaiku ….

a. 7a
b. 7i
c. 8a
d. 8i

27. Basa sajroning geguritan kudu basa kang ….

a. endah 
b. biyasa
c. padinan
d. ringkes

28. Aksara jawa nglegena cacahe ana ….

a. 10
b. 15
c. 20
d. 25

29. Gatekno aksara jawa iki!

ukara ing duwur kiwa diwaca ….

a. saiki dina kemis
b. saka dina kemis
c. bubar dina kemis
d. sesuk dina kemis

30. Ajar basa krama, menawa ditulis aksara Jawa, yaiku ….  

a. 

b. 

c. 

d. 

31. Banjir ana Jakarta. Tulisan kang trep yaiku …. 

a. 

b. 

c. 

d. 

32. Gatekno ukoro jawa ing ngisor!

Ukara jawa ing ndhuwur diwaca …

a. Pakde wonten ing salatiga nitih kreta.
b. Pakde tindak wonten ing salatiga nitih kreta.
c. Pakde wonten ing salatiga nitih kereta.
d. Pakde tindak wonten ing salatiga nitih kreta.

33. “pak bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali.”

Baca Juga:  Soal PAT/UAS/UKK IPA Kelas 4 SD/MI Semester 2 Thn 2021/2022

Panulisan aksara kapital kang trep yaiku .…

a. pak Bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali  
b. pak bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali  
c. pak Bayu lan keluwarga tindak menyang Denpasar Bali  
d. Pak Bayu lan keluwarga tindak menyang Denpasar Bali  

34. Gatekno ukoro jawa ing ngisor!

Ukara jawa ing ndhuwur diwaca …

a. Siti tuku endog ing pasar niten.
b. Siti tuku endog ana ing pasar niten.
c. Siti tuku endog ana ing pasar niten.
d. Siti tuku endok ana ing pasar niten.

35. Peleme awoh gedhe 

Ukara jawa ing ndhuwur diwaca ….  

a. 

b. 

c. 

d. 

*Soal Isian PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

36. Basa kang digunakake kanggo sesorah menawa kang diadhepi iku luwih enom tinimbang kang sesorah yaiku …. 

37. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten.

Sesorah ing ndhuwur kalebu perangan …. 

38. Pak guru mantuk dhateng griya. Tembung mantuk kang bener yaiku …. 

39. Budi (tandur) bonsai ana ing pot. Tembung sing dikurung benere …. 

40. Sluku-sluku bathok bathoke ela elo. Bathok iku asale saka …. 

41. Tembung lingga kang wis entuk ater-ater diarani tembung …. 

42. Ibu makani pitik. Tembung makani linggane …. 

43. 

Tulisan Jawa ing ndhuwur yen diwaca dadi …. 

44. Diwenehi ati ngrogoh rempela, tegese yaiku …. 

45. Cacahing wandha saben sagathra ing tembang macapat diarani …. 

*Soal Uraian PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

46. Aranana urut-urutan perangane sesorah! 

47. Gawea pacelathon marang kanca padha kanca!

48. Ukara ing ngisor iki tulisen ngangga aksara jawa!

Nyirami tanduran isuk lan sore.

49. Wacanen kanthi premati wacan ing ngisor iki!

Sekolahanku ora adoh saka omahku. Saka omahku menyang sekolahan ana dalan loro. Dalan sing siji sidhatan luwih cedhak, nanging liwat dalan njero kampung. Dene dalan sijine rada adoh, nanging dalan gedhe sing rame. Amarga wis kawanen, aku milih budhal sekolah liwat dalan sidhatan, kareben luwih cepet.

Gawea ukara pitakon 3 bae minurut wacan ing ndhuwur!

50. 

Kepriye wacane ukara Jawa ing ndhuwur?

Anda pun dapat melihat dan download soal dan kunci jawaban PAT Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Semester 2 kurikulum 2013 di atas pada link di bawah ini:

Download Soal UKK Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester Genap K13

Download Kunci Jawaban PAT Bahasa Jawa Kelas 6 SD

Demikian kisi-kisi ataupun contoh soal latihan penilaian akhir tahun Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI semester 2 kurikulum 2013 beserta kunci jawaban tahun pelajaran 2021/2022 yang dapat kami sampaikan, semoga dari contoh soal di atas banyak keluar pada saat ulangan nantinya, Aamiin.

Penelusuran Terkait:

soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 2021
soal uas bahasa jawa kelas 6 semester 2
soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 dan kunci jawabannya
download soal bahasa jawa kelas 6 semester 2
soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 kurikulum 2013
soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 dan kunci jawabannya 2021
soal uts bahasa jawa kelas 6 semester 2 kurikulum 2013

Leave a Comment