Halo adik-adik pada kesempatan yang baik ini kami ingin berbagi yaitu contoh soal latihan penilaian akhir tahun (PAT) Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI semester 2 kurikulum 2013 tahun ajaran 2021/2022 lengkap dengan kunci jawaban.
Contoh soal PAT Bahasa jawa Kelas 5 Semester 2 (Genap) K13 ini dapat adik-adik pakai sebagai referensi belajar sebelum menghadapi ulangan yang sesungguhnya. Soal ini juga dapat dijadikan orangtua wali murid sebagai pendamping anak anda belajar persiapan UAS nantinya.
Untuk soal PAT Bahasa Jawa pada Kelas 5 SD Semester 2 ini juga kami lengkapi dengan kunci jawaban. Akan tetapi kunci jawabannya kami berikan dalam bentuk link yang dapat dibuka pada google drive.
Mengapa kunci jawaban soal PAT Bahasa Jawa Kelas 5 Semester Genap 2022 ini kami simpan di google drive? hal ini agar adik-adik mampu belajar menjawab soal dengan sendiri lalu dicocokkan dengan jawaban yang ada, sehingga akan tahu akan kemampuan adik-adik dalam menjawab soal.
Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2
Berikut Kisi-kisi Soal PAT/UKK/UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 2022 beserta kunci Jawaban TA 2021/2022 dengan jumlah 25 soal pilihan ganda, 10 isian, dan 5 soal uraian.
*Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2
1. Cacahing tembang macapat ana …..
a. 9
b. 10
c. 11
d. 12
2. Paugeran tembang macapat kang sinebut guru lagu yaiku ….
a. cacahing baris saben sapada tembang
b. cacahing wanda ing saben sagatra
c. tibaning swara ing pungkasaning gatra
d. tibaning tembung ing sak mburine gatra
3. Wacanen kang permati!
Pangkur
Sekar pangkur kang winarno
Lelabuhan kang kanggo wong urip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadalu
Miwah engkang tata krama dan kaesthi siyang ratri
guru wilangan lan guru gatra kapapat tembang Pangkur ing ndhuwur yaiku ….
a. 7a
b. 7i
c. 8a
d. 8i
4. Tegese ukara “prayoga kawruhana” ana ing tembang Pangkur yaiku …
a. ora kabeh apik
b. urip kudu narimo
c. kabeh kudu rukun
d. becike kudu weruh
5. Murid iku kudu manut marang guru.
Ukara ing ndhuwur digawe basa krama yaiku ….
a. Murid niku kedah nurut dhateng guru.
b. Murid menika kedah manut dhateng guru
c. Murid niku kedah mituhu dhateng guru
d. Murid menika kedah mituhu dhateng guru
6. Geguritan iku kalebu susastran kang nganggo tetembungan ….
a. ringkes nanging mentes
b. endah lan ngrembaka
c. gampang dimangerteni
d. lugas apa anane
7. Wacanen kang permati!
Saben sore iku kudu,
Ndhisiake padha sinau,
Perlune yen sesuk mlebu,
Ajaran kabeh klebu.
Kang kudu ditindakake dhisik nalika sore yaiku ….
a. mangan
b. mlebu
c. Sinau
d. ajaran
Wacanen kang permati kanggo mangsuli pitakon nomer 8 – 9!
Timun Mas
Ana mbok Randha sing urip dhewe ora ana anak utawa sedulur. Saben dina Mbok Randha ndonga ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Anggone dongokeprungu Buta Ijo sing kebenran liwat sacedhake kana. buto Ijo banjur nyeluk Mbok Randha supaya metu saka omahe. Buto Ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. SAbanjure Buto Ijo iku menehi wiji timun sing kudu ditandur Mbok Randha.
8. Dongane Mbok Randha ing ngarsane Gusti Allah supaya …
a. bagas waras
b. sugih bandha
c. diwenehi anak
d. diwenehi ngilmu
9. Buto Ijo nulungi Mbok Randha kanthi menehi ….
a. sedulur
b. tanduran
c. anak
d. wiji timun
10. Titikane crita salah sijine ora keweruhan sapa sing nganggit, kang diarani ….
a. kolektif
b. anonim
c. antonim
d. akronim
11. Mbok Randha urip dhewe ora nduwe anak.
Ukara ing ndhuwur menawa ditulis nganggo basa krama yaiku ….
a. Mbok Randha gesang piyambak mboten kagungan putra.
b. Mbok Randha gesang piyambak mboten gadhah anak.
c. Mbok Randha gesang dewe mboten kagungan putra.
d. Mbok Randha urip piyambak mboten kagungan putra.
12. Tegese tembung “ngayahi jejibahan” yaiku ngayahi ….
a. pegawean
b. kewajiban
c. karukunan
d. klangenan
13. Paraga ana ing crita kang dadi lakon diarani ….
a. antagonis
b. protagonis
c. intragonis
d. tritagonis
14. Wacanen kang permati!
Para putra Wirata yaiku Raden Utara, Raden Wratsangka, lan Raden Arya Seta sing dadi senapatine Pandhawa padha gugur dadi kusumane bangsa. Katelune gugur ing perang Baratayuda nalika mungsuh Resi Bisma. Mulane kulawarga Pandhawa banjur rundhingan nemtoake sapa sing bakal madeg senapati. Prabu Matswapati kuwi ratu ing nagara Wirata sing ngrewangi Pandhawa amarga kepotangan budi marang para Pandhawa sing mbiyen nylametake negara Wirata.
Prabu Matswapati ngrewangi Pandhawa ana perang Baratayuda amarga …
a. mungsuh Resi Bisma
b. kepotangan budi
c. Raden Utara gugur
d. kadhang Pandhawa
15. Prabu Kresna disuwuni pamrayoga, sing bisa ditandhingake karo senapitine Kurawa.
Tembung ” pamrayoga” tegese ….
a. rembugan
b. pambiantu
c. penemu
d. pertikel
16. Anggone madeg senapati ana perang Baratayuda, Srikandi mungsuh ….
a. Resi Bisma
b. Raden Arjuna
c. Prabu Matswapati
d. Prabu Duryudana
17. Raden Arjuna menehake bantal saka remukan sanjata marang Resi Bisma.
Ukara ing ndhuwur menawa migunakake basa krama yaiku …
a. Raden Arjuna nyaosaken bantal saking remukan sanjata marang Resi Bisma.
b. Raden Arjuna maringake bantal saking remukan sanjata dhumateng Resi Bisma.
c. Raden Arjuna menehake bantal saking remukan sanjata dhumateng Resi Bisma.
d. Raden Arjuna nyaosaken bantal saking remukan sanjata dhumateng Resi Bisma.
18. Wacanen kang permati!
Dewi Srikandhi kudu tandhing karo Resi Bisma. Dheweke ngeculake jemparinge marang Resi Bisma, nanging amarga kasektene Sang Resi, ora ana siji-sijine panah sing kena. Dewi Srikandhi ora gigrig.
Watake Dewi Srikandhi miturut crita ing ndhuwur yaiku …..
a. seneng pamer
b. keder lan minder
c. ngedap-edapi
d. kendel ora nyerah
19. Dewi Srikandhi ora gigrig.
Tembung “gigrig” tegese ….
a. wedi
b. mangkat
c. kuat
d. sambat
20.
ing sisih kiwa iki pasangan saka aksara …
a. ha
b. na
c. sa
d. la
21. “Dandan” menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
b.
c.
d.
22. Pasangan aksara jawa kang dianggo ing saburine aksara kang kasigeg yaiku …
a. pasangan “ta”
b. pasangan “la”
c. pasangan “da”
d. pasangan “ha”
23. Tembung jawa kang nggunakake pasangan “ta” yaiku ….
a.
b.
c.
d.
24.
ukara ing ndhuwur migunakake sandhangan ….
a. dha
b. nya
c. tha
d. nga
25.
Ukara ing ndhuwur diwaca ….
a. Herlambang pinter
b. Herlambang banter
c. Herlambang santer
d. Herlambang barter
*Soal Isian PAT Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2
26. Salah sawijining tembang macapat yaiku Pangkur kang nduweni watak ……………
27. Kang diarani guru wilangan ana ing tembang Pangkur yaiku ……………
28. Wacanen kang permati!
Sawise sinau maca,
Nuli etung sawetara,
Anglantipake apalannya.
Tegese “anglantipake” yaiku ……………..
29. Wacanen kang permati!
Ana sawijining keluwarga sing urip mlarat. Amarga bapake wis tilar, si embok kudu tandang gawe dhewe kanggo bisa nguripi keluwargane.
Si embok kudu tandang gawe dhwe kanggo bisa nguripi keluwargane amarga ……..
30. Papan utawa wektu dumadine kedadeyan ing sajroning crita diarani …………….
31. Panah kang digunakake Dewi Srikandhi kanggo njemparing Resi Bisma yaiku ………….
32. Perang Baratayuda iku perang antarane Pandhawa mungsuh …………..
33. Garwane Dewi Srikandhi yaiku …………………..
34.
Ukara ing ndhuwur migunakake sandhangan ………………..
35. Doyan jajan menawa ditulis nggunakake aksara jawa yaiku ………….
*Soal Uraian PAT Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2
36. Wacanen kang permati!
Pangkur
Lelana angulandara
Njajah nuswa kang kinepung jaladri
Kadya sesotya lan jamrut
………………………
Apa tegese ukara “Njajah nuswa kang kinepung jaladri” tembang ing ndhuwur?
37. Apa kang diarani geguritan?
38. Dheweke seneng mbantu wong ing lingkungan sing butuh.
Ukara ing ndhuwur gantinen naggo basa krama!
39. Mapan ana ngendi perang tandhinge Dewi Srikandhi mungsuh Resi Bisma?
40. Saiki dina Senen Paing.
Ukara ing ndhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!
Anda pun dapat melihat dan download soal dan kunci jawaban PAT Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI Semester 2 kurikulum 2013 di atas pada link di bawah ini:
Download Soal UKK Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester Genap K13
Download Kunci Jawaban PAT Bahasa Jawa Kelas 5 SD
Demikian kisi-kisi ataupun contoh soal latihan penilaian akhir tahun Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI semester 2 kurikulum 2013 beserta kunci jawaban tahun pelajaran 2021/2022 yang dapat kami sampaikan, semoga dari contoh soal di atas banyak keluar pada saat ulangan nantinya, Aamiin.
Penelusuran Terkait: