45 Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Tahun 2021/2022 dan Kunci Jawaban

Berikut kami sampaikan pembahasan contoh soal latihan Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Kurikulum 2013 beserta Kunci Jawaban Tahun 2021 2022 sebagai bahan belajar di rumah.

soal ujian sekolah bahasa jawa kelas 6

Contoh soal ujian sekolah atau try out Bahasa Jawa kelas 6 terbaru 2022 ini hanyalah sebagai referensi adik-adik dalam belajar sebelum menghadapi ujian sekolah yang sesungguhnya. Setelah mempelajari soal-soal di bawah kami harap adik-adik mendapat nilai yang diinginkan serta dapat mengerjakan soal ujian sesungguhnya nanti dengan mudah.

Adik-adik tidak usah bingung untuk jawaban soal-soal di bawah, sebab kami sudah berikan kunci jawaban soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 Kurikulum 2013 tahun 2022 di bawah pada link di akhir postingan.

Kumpulan Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 SD 2022

Untuk jumlah kisi-kisi soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI terbaru di bawah adalah 40 butir soal untuk pilihan ganda (Pilgan) dan 5 soal Uraian. Untuk lebih jelasnya silahkan pelajari soal-soal berikut ini:

*Soal Pilihan Ganda Ujian Bahasa Jawa Kelas 6

I. Berilah tanda silang huruf (X) di depan jawaban yang paling benar!

1. Wacanen kang permati !

Sedhekah Laut

Ing kutha Cilacap ana upacara tradhisi kang diarani sedhekah laut. Sedhekah laut iku arupa kegiyatan nglarung sesaji utama ing Teluk Penyu. Upacara nglarung kasebut minangka wujud rasa matur nuwun marang Gusti. Awit Gusti sampun maringi anugerah berkah marang masyarakat Cilacap, mligine berkah laut.  

Saka wacan ing ndhuwur tegese tembung nglarung yaiku ….

a. gawa
b. ngelekake
c. ngguwak 
d. nyelehake

2. 

Ukara jawa ing ndhuwur unine ….

a. wayang gareng 
b. sida bareng 
c. sega goreng 
d. goreng sega 

3. 

Ukara jawa ing ndhuwur unine ….

a. kreta
b. kerta
c. kersa
d. kertas

4. Wacanen kang permati!

Sapu Sada 
Dening : Astuti 
Jumat bersih 
Resik lan sehat 
Cancut tali wanda 
Nandur kabecikan 
Cilik gedhe bagus ayu 
Ora mung padha gumuyu 
Ora tinggal glanggang calon playu 
Tumuju adiwiyata murih rahayu 
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa 
Guyub rukun kaya sapu sada

Geguritan ing ndhuwur surasane bab ….

a. kerja bakti 
b. sapu 
c. rukun 
d. gojekan 

5. Wacanen kang permati!

Adipati Karna

Adipati Karna iku adipati ing Kadipaten Ngawangga. Karna iku putrane Bathara Surya dene ibune Dewi Kunthi Nalibrata. Tumprape pandhawa Karna iku sedulur tunggal ibu seje rama. Nalika perang Baratayuda, Adipati Karna madeg dadi senapati perang Astina nanging gugur nalika ngadhepi Raden Arjuna. Adipati Karna pantes tinuladha lelabuhane kang bela negarane nganti tumekaning seda. 

Ing perang Baratayuda Adipati Karna dadi ….

a. bala pandhawa
b. mungsuhe Astina
c. sedulur pandhawa
d. senapati perang

6. Wacanen kang permati pacelathon!

Nadhif  : “Buk, nembe masak napa?” 
Ibu  : “Iki lho masak jangan lodheh karo goreng gereh asin Le. Ayo gage ndang mangan dhisik!”
Nadhif  : “Sekedhap Buk, Nadhif ajeng garap tugas riyin.” 
Ibu  : “Yawis, iki dilerne sega dhisik ya karo ibu?”
Nadhif  : “Inggih Buk, ….” 

Ukara kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ….

a. pangapunten
b. matur nuwun
c. mangga
d. kula nuwun 

7. Gatekna carane gawe wedang Jahe! 

1. Campurke jahe, serai, lan  banyu ing panci lan godhog. tunggu teka umup. 
2. Iris-iris jahe lan sereh.
3. Campur gula jawa secukupe.
4. Saring banyu godhogan wedhang jahe ing gelas.
5. Tambahne madu, diudhak-udhak lan pateni kompore.

Urut-urutan cara gawe wedang jahe kang bener yaiku ….

a. 1, 2, 3, 4, 5 
b. 2, 1, 3, 5, 4 
c. 4, 2, 1, 3, 5
d. 2, 3, 5, 1, 4 

8. “Bakul kupat” menawa ditulis aksara Jawa, yaiku …. 

9. Wacanen kang permati!

Sabtu (20/02/21) pageblug banjir kadadeyan ing wilayah Jabodetabek. BMKG beberake banjir iku amarga udan deres kang ora mandhek sedina sewengi. 

Tembung pageblug padha tegese karo ….

a. musibah  
b. rejeki
c. bebaya 
d. udan 

10. Wacanen kang permati !

Ani lagi wae lulus saka SMAN 1 Sragen. Ani nyoba daftar kuliah ing Universitas Sebelas Maret jikuk jurusan kedokteran. Universitas kuwi manggon ing kutha Solo. Amarga isih mangsa pandemi, Ani kuliah kanthi cara daring. Dheweke sinau gunakake Zoom ning omah lan durung bisa mlebu kuliah. 

Papan panggonan kanggo kuliah daring miturut paragraf ing ndhuwur yaiku ….

a. SMAN 1 Sragen 
b. kutha Solo
c. ning omah 
d. Universitas Sebelas Maret 

11. Bapak mangan iwak ing omah 

Baca Juga:  Soal PAT/UAS/UKK Bahasa Jawa Kelas 4 SD/MI Semester 2 Thn 2021/2022

Ukara ing ndhuwur menawa didadekne krama inggil yaiku …

a. Bapak nedhi iwak ing omah. 
b. Bapak nedhi ulam wonten griya. 
c. Bapak dhahar iwak ing griya.
d. Bapak dhahar ulam wonten griya.

12. Wacanen perangan layang ing ngisor iki !

1. Sragen, 18 Februari 2021 
2. Kanggo kancaku sing tak sayang, 
3. Safa, wis suwe banget aku ora pernah krungu kabarmu.Ora pernah ana SMS, telegram lan E-Mail saka kowe. 
4. Kepiye kabarmu saiki?
5. Aku prenah takok karo kanca-kanca liyane. Nanging kabeh ora padha ngerti saiki kowe neng ngendi. Nanging kabeh mau wis kejawab nalika aku ketemu kangmasmu ing Jakarta. 
6. Salam sayang, 
7. Rinka

Kang minangka pambukaning layang yaiku nomer ….

a. 5
b. 3
c. 2
d. 1

13. Wacanen kang permati !

Mbah Putri, 

Deni kanget banget marang mbah putri. Deni mboten sabar malih liburan wonten kampung. Mugi-mugi mbah putri lan mbah kakung diparingi kasarasan nggih. 

Oh nggih mbah putri, … salam sayang kagem mbah putri lan kakung. Pangapunten amarga tahun niki mboten saget liburan ngrika. 

Ukara kang pas kanggo jangkepi perangan layang ing ndhuwur yaiku …

a. Ibu nitip salam.
b. Ngapunten sanget.
c. Ibu nyuwun pangestu.
d. Ampun kesupen. 

14. Mas Rama menyang makasar. menawa ditulis aksara Jawa, yaiku …. 

15. Wacanen kang permati kanggo njawab pitakon nomer 15-16 !

Kancil si Pahlawan

Ing sak njerone alas, ana kancil kang urip neng kana. Kancil iku kondhang pinter lan seneng tetulung marang sapadha. Ing sawijining dina, nalika kancil lagi mlaku-mlaku. Dheweke ketemu karo singa kang arep mangsa wedhus. 

Wedus jaluk tulung lan cerita, rikala dheweke turu ing ngisor wit, wedhus weruh singa sing ketiban wit, banjur wedhus nulungi. Nanging singa malah arep mangsa wedhus. 

Singa celathu menawa dheweke wis ketiban rong dina rong wengi, mula dheweke ngeleh banget. Sakwise krungu ceritane singa lan wedhus, kancil jaluk tulung kadadean kuwi dibaleni. Supayane luwih cetha. Akhire singa mau turu lan ditibani wit maneh. Nanging ora mbaleni adegan malah si Kancil ngajak wedhus lunga. 

“Ayo Dhus lunga saka kena, kanggo apa nulungi wong sing ra bisa maturnuwun”, celathune. 

Kanti cerita ing ndhuwur, singa nduwe watak ….

a. ora ngerti matur nuwun
b. seneng tetulung
c. sombong
d. paling bener  

16. Nalika lagi ketiban wit, kang nulungi singa yaiku ….

a. kancil
b. anak singa
c. wedhus 
d. baya

17. Wacanen kang permati!

 “ALAMKU”

Alamku tansah nelangsa
Amarga menungsa
Kabeh wit ditegori
Nganti padha gundhul kabeh
Sitine padha nangis
Amarga kepanasen
Amarga ora ditutupi
Karo kabeh wit
Kabeh wit padha gundhul
Ayo, menungsa sadar!
Padha ijoni wit witan
Supaya alam ora nelangsa

Pasuryan kang pas nalika maca geguritan ing ndhuwur yaiku ….

a. seneng 
b. prihatin
c. bungah 
d. kuciwa

18. 

Ukara jawa ing ndhuwur unine ….

a. Janaka
b. Werkudara
c. Puntadewa
d. Nakula

19. Wacanen Laporan Hasil pengamatan ing ngisor! 

1. Nyiapake sampah rumah tangga organik banjur dilebokake ing wadah
2. Siram lemah nganggo banyu 
3. Siapne wadah gedhe 
4. Campur maneh sampah organik sing wis disiapne 
5. Campur lemah ing wadah kang wis diisi sampah organik. 
6. Lebokne maneh lemah lan tutup wadak rapet-rapet
7. Tunggu 3 minggu nganti pupuk kompose 

Urut-urutane laporan kang trep yaiku ….

a. 3, 1, 5, 2, 4, 6, 7.
b. 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
c. 3, 4, 5. 6. 1, 2 3
d. 4, 5, 3, 2, 1, 6, 7 

20. Tambah pinter, yen ditulis aksara jawa yaiku ….

21. Wacanen kang permati kanggo njawab pitakon nomer 21-24!

Badminton yaiku salah sijine olahraga kang disenengi ing akeh kalangan. Saka bocah cilik nganti tekan wong tua, lanang wadon pada seneng olahraga badminton. Badminton biasane dimainke siji lawan siji utawa pasangan. Olahraga badminton tujuane namplek kok nglewati jaring supayane jeglok ing wilayahe lawan. Bandminton biasa dimainke ing njero ruangan, kaya dene GOR. Badminton iku bisa dimainke nalika kanggo refresing utawa kanggo lomba saka lokal tumeka internasional. Mula akeh sing padha seneng olahraga siji iki, amarga ora mung gawe awak sehat nanging bisa ngasilake lan ngembangne bakat. 

Baca Juga:  Soal UAS/PAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 1 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawaban

Ringkesan pragraf ing ndhuwur yaiku …

a. Olahraga badminton disenengi kabeh kalangan amarga nyenengake, gawe awak sehat lan bisa ngembangne bakat.
b. Olahraga badminton olahraga sing dimainke siji lawan sisi kanthi rebutan wulu putih.
c. Olahraga badminton dilakokake neng jero GOR kanggo ngembangne bakat.
d. Olahraga badminton nyenengake kanggo bapak-bapak kang dilakokake neng jero GOR.

22. Olahraga badminton biasane dimainke ing ….

a. lapangan amba
b. lapangan bal-balan 
c. jero ruangan/GOR
d. kamar kang katutup

23. “Badminton biasane dimainke siji lawan siji utawa pasangan”. 

Ukara pitakon kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku …

a. Sapa sing main badminton?
b. Pira cacahe pemain badminton?
c. Kepiye carane main badminton?
d. Neng ngendi olahraga badminton dimainke? 

24. Ukara baku saka paragraf “Olahraga Badminton”  ing ndhuwur yaiku ….

a. olahraga badminton disenengi ing kabeh kalangan 
b. olahraga badminton nyehatne 
c. aja dolanan badminton sakpapan-papan
d. badminton dimainke bebarengan

25. “pak bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali.”

Panulisan aksara kapital kang trep yaiku ….

a. Pak Bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali  
b. pak bayu lan keluwarga tindak menyang denpasar bali  
c. pak Bayu lan keluwarga tindak menyang Denpasar Bali  
d. Pak Bayu lan keluwarga tindak menyang Denpasar Bali  

26. 

Ukara jawa ing ndhuwur unine …

a. Siti mangan semangka. 
b. Siti menek wit nangka.
c. Siti menek wit pelem.
d. Siti nandur nangka.

27. Wacanen kang permati !

Sekar pangkur ngilmu nyata
Diwinti sing sabar lan prihatin
Nimba ngilmu marang guru
Wayah isuk lan awan.
Murih sukses sinau ngilmu kang luhur
Ampun supe bab agami
Bab agami marang Gusti

Surasa tembang pangkur ing ndhuwur yaiku ….

a. sing sabar anggone golek ilmu 
b. golekpengalaman 
c. bekti marang guru
d. golek ilmu agama

28. Piweling saka tembang pangkur ing ndhuwur yaiku ….

a. sregep lan tenanan anggone golek ilmu 
b. aja dadi bocah bodho kang ngrepoti
c. bekti marang wong tuwa wiwit cilik
d. gemati marang sapadha-padha

29. Wacanen kang permati kanggo jawab pitakon nomor 29-30!

Ing petenge arah lan langkahku iki
Panjenengan dados srengenge kangge uripku
Menehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepan
Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu
Liwat sorotan cahya kang metu saka swara lan tuturmu

Geguritan ing ndhuwur temane ….

a. guru
b. pedhang
c. plesiran
d. nyambut gawe 

30. Tembung sumunar ana geguritan ing ndhuwur tegese …

a. peteng 
b. kelap-kelip
c. padhang 
d. bruwet 

31. Wacanen kang permati !

Candi Borobudhur

Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangka candhi Budha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.

Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Tekan saiki Candhi Borobudhur isih dadi papan wisata kang kondhang lan gawe gumun turis indonesia lan mancanegara.

Wacan ing ndhuwur jenise …. 

a. narasi 
b. deskripsi 
c. persuasi 
d. bebas 

32. Sate wedhus menawa ditulis aksara jawa, yaiku …. 

33. 

Ukara jawa ing ndhuwur unine ….

a. aja sugeh
b. aja nangis
c. aja dumeh
d. aja ngono

34. “Cukup semane kula matur, kula jaluk pangapura.”

Ukara ing ndhuwur menawa didadekne basa krama yaiku ….

a. Cukup semana kula matur, kula nyuwun pangapura.
b. Cekap semana kula matur, kula jaluk pangapura.
c. Cekap semanten anggen kula matur, kula jaluk pangapura.
d. Cekap semanten anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten.

35. Wacanen kang permati kanggo jawab pitakon nomor 36-37!

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani. Mangga ngaturaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos, satemah kula lan panjenengan kesarasan saged makempal kanthi sakathahipun karaharjan.

Baca Juga:  Soal Ulangan Tengah Semester UTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 + Kunci Jawaban

Kula, wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur nuwun Bapak/ Ibu Guru, anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula ngangsu kawruh wonten sekolahan punika.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT, Amin..

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. 

Wassalamua”alaikum Wr. Wb. 

Perangan sesorah kang diarani pambuka yaiku …

a. Assalamualaikum Wr. Wb.
b. Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah 
c. Wassalamua’alaikum Wr. Wb. 
d. Cekap semanten atur kula, 

36. Surasa sesorah ing ndhuwur iku ngenani bab ….

a. nyuwun pamit
b. nyuwun kasarasan 
c. susahe nampa piwulangan
d. susah amarka perpisahan

37. Tema sesorah ing ndhuwur yaiku ….

a. perisahan ketua kelas
b. nampa siswa anyar
c. perpisahan sekolah 
d. perpisahan guru

38. Wacanen kang permati !

Dina Minggu esuk Anang, Bapak, lan Ibu padha reresik omah.

Bapak  : “Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!”

Anang  : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”

Bapak  : “Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged

ndhuwur kae!”

Anang  : “Nggih Pak, menika andhanipun.”

Bapak  : “Kene-kene, galo regede kaya ngana.”

Anang  : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”

Bapak  : “Pancen kudune ngono Nang, mula suk Minggu kerja bakti maneh.”

Anang  : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”

Pacelathon ing ndhuwur ngrembug bab …. 

a. ngresiki sekolah
b. ngresiki perpustakaan 
c. ngresiki kebon
d. ngresiki omah 

39. Wacanen kang permati !

Pahlawanku

Dening : R. Tantiningsih

Pahlawanku
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

Geguritan iku anggitanipun …. 

a. R. Tantiningsih 
b. Pahlawanku 
c. Gusti 
d. Tiyang kathah

40. Ukara narasi kang trep kanggo gambar ing ngisor iki yaiku …

a. Banjir ing DKI Jakarta agawe akeh montor padha mogok. 
b. Banjir ing DKI Jakarta jerone nganti semester. 
c. Banjir ing DKI Jakarta ora suda-suda. 
d. Amarga banjir akeh wong kena lelara.

*Soal Uraian Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!

41. Gaweya pacelathon singkat nganggo tema Prastawa Alam!

42. Ibu masak sega goreng.

Ukara iku ndhuwur tulisen nganggo aksara jawa!

43. Wacanen kang permati !

Candi Borobudhur

Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.

Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong. Tekan saiki Candhi Barabudhur isih dadi papan wisata kang kondhang lan gawe gumun turis indonesia lan mancanegara.

Gaweya 3 ukara pitakon kang ana kaitane karo paragraf ing ndhuwur!

44. Gaweya perangan pambuka sesorah!  

45. Banjir saben tahun dadi tamu kang ora tahu absen. Kembangna ukara iku dadi wujud paragraf!

Soal dan Kunci Jawaban US Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Kurikulum 2013 di atas dapat anda klik pada link berikut di bawah. Untuk file soal dalam bentuk .docx atau .doc yang dengan mudah dibuka melalui Microsoft Word, sedangkan kunci jawaban dalam bentuk PDF.

Download Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6

Download Kunci Jawaban US Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI K13

Demikian contoh Soal US Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Kurikulum 2013 beserta Kunci Jawaban yang dapat kami sampaikan, semoga bermanfaat buat adik-adik semuanya.

Pencarian Terkait:

soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 dan kunci jawabannya 2021
soal ujian bahasa jawa kelas 6 2021
ulangan kelas 6 bahasa jawa
materi bahasa jawa kelas 6 semester 2 2021
soal uts bahasa jawa kelas 6 semester 1
soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 2022
penilaian harian bahasa jawa kelas 6

Leave a Comment