Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Semester 2 tentang Sesorah Kelas 6 SD + Kunci Jawaban

Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 6 tentang Sesorah – Pada kesempatan yang baik ini kami ingin berbagi contoh soal Bahasa Jawa tentang Sesorah atau Pidhato di semester 2 (genap) bagi adik-adik yang duduk di bangku kelas 6 SD.

soal ulangan bahasa jawa kelas 6

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang bener!

1. Ngaturake salam marang para tamu minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan, perangan sesorah yaiku ….

a. isi
b. pambuka
c. pangarep-arep
d. panutup

2. Ngaturake puji sokur dhumateng Gusti Ingkang Mahaasih supaya acara saged kalaksanan kanthi lancar, perangan sesorah yaiku ….

a. isi
b. pambuka
c. pangarep-arep
d. pamuji

3. Pak Sunar arep menehi sesorah ing sangarepe wong akeh, sesorah kang kudu dianggo yaiku ….

a. medhar sabda
b. ular-ular
c. atur pambagyaharja
d. tanggap wacana

4. Nalika sesorah, swarane ora oleh. lirih, lan ora oleh banter. Babagan iki kudu gatekake ….

a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa

5. Nalika sesorah awake kudu teteg, jejeg, mantep, tangane ngapurancang. Babagan iki kudu gatekake ….

a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa

6. Tema bisa uga kasebut ….

a. idhe dhasar
b. paugeran dhasar
c. isining pidhato
d. pungkasan pidhato

7. Kanggo menehi pitutur lan ngajak ing babagan kabecikan, iku klebu ….

a. isine pidhato
b. ringkesaning pidhato
c. ancase pidhato
d. tuladhane pidhato

8. Ing ngisor iki kang ora klebu cengkorongane pidhato yaiku ….

a. purwaka basa
b. surasa basa
c. ringkesan pidhato
d. wicara

9. Para sesepuh, pini sepuh ingkang kinurmatan, iku klebu bageyan sesorah ….

a. purwaka basa
b. salam pambuka
c. surasa basa
d. salam panutup

Baca Juga:  Soal Ulangan Harian Kelas 6 Tema 9 Subtema 3 Tokoh Penjelajah Angkasa Luar

10. Perangane sesorah kang isine njaluk pangapura bok menawa anggone matur/ ngomong ana kaluputan, diarani ….

a. pambuka
b. isi
c. ngaturake acara siji baka siji wijang/cetha
d. panutup

11. Sesorah bisa uga kasebut….

a. tembang
b. geguritan
c. pidhato Jawa
d. pacelathon

12. Sadurunge gawe naskah pidhato, amrih becike gawe….

a. cengkorongane
b. pungkasane
c. judule
d. isine

13. Sing macakake pidhato iku bisa kasebut ….

a. pamicara
b. pamiyarsa
c.pini sepuh
d. sesepuh

14. Ancas iku tegese pirang-pirang. Ing ngisor iki sing ora klebu tegese ancas yaiku ….

a. guna
b. tujuwan
c. paedah
d. ringkesan

15. Gatekna perangan sesorah ing ngisor iki!

Saderengipun kula ngaturaken rantamaning acara, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji sokur dhumateng Allah Swt. karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, satemah ing wekdal punika saged makempal ing papan punika kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.

Perangan sesorah iki klebu ….

a. pamuji sokur/purwaka basa
b. atur panutup
c. wigatosing atur
d. atur pakurmatan

16. Pak Walidi dijaluki tulung menehi sesorah kanggo nampa rawuhe tamu ing acara resepsine Mas Parman, sesorah sing dianggo yaiku ….

a. medhar sabda
b. ular-ular
c. atur pambagyaharja
d. tanggap wacana

17. Sesorah kang isine paring pitutur yaiku ….

a. medhar sabda
b. ular-ular
c. atur pambagyaharja
d. tanggap wacana

18. Pak Ahmad arep nanggapi ature pambagyaharja, sesorah sing dianggo yaiku ….

a. medhar sabda
b. ular-ular
c. atur pambagyaharja
d. tanggap wacana

19. Bab kang sing kapisan nalika arep gawe sesorah yaiku …..

Baca Juga:  Soal Ulangan Harian Kelas 6 Tema 9 Subtema 2 Benda Angkasa Luar dan Rahasianya

a. nyiapakake underan
b. nyiutake tema dadi irah-irahan
c. nliti kaanan pamiarsa
d. gawe cengkorongan

20. Perangane sesorah kudu jangkep kaya sing wis digawe ing ….

a. cengkorongan
b. tema
c. acara
d. wos

21. Ukara “Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten ceweting atur kula nyuwun pangapunten”, kasebut….

a. uluk salam/salam pambuka
b. pangarep-arep
c. purwaka
d. panutup

22. Sesorah iku diucapake ana ing acara ….

a. formal
b. tertutup
c. informal
d. musyawarah

23. Ing ngisor iki adat Jawa sing isih butuhake paragan sesorah, kejaba ….

a. upacara mantenan jangkep
b. sunatan (supitan)
c. pacelathon padinan
d. upacara sedhekah gunung

24. Sesorah sing digunakake kanggo pawongan utawa bocah-bocah sing nembe ajar sesorah yaiku sesorah kanthi cara ….

a. dadakan utawa
b. memoriter
c. ekstemporan
d. naskah

25. Para pahlawan proklamasi iku kagolong wong kang winasis. Tembung winasis duweni ateges ….

a. percaya
b. wiwitan
c. pengarang
d. pinter

26. Sesorah pamangku gati iku kagolong sesorah ….

a. tanggap wacan
b. parwaka
c. pambagyaharja
d. pawarta

27. Sesorah kanggo nampa rawuhe para tamu, ana ing acara menapa kemawon, ancase sesorah ….

a. atur pambagya
b. pangajak
c. atur kabar, pawarta utawi informasi
d. panglarang

28. Isine panyuwun lan pangajeng-ajeng saka tiyang kang kagungan kersa dhateng para tamu yaiku urut-urutaning sesorah bab ….

a. uluk salam/salam pambuka
b. pangarep-arep
c. parwaka
d. panutup

29. Kang ora klebu cara katindakake sesorah yaiku cara….

a. naskah
b. impromptu
c. apalan
d. grambyang

30. Cara kang namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan, yaiku cara ….

Baca Juga:  Soal Ulangan Harian Tematik Kelas 6 Tema 3 Subtema 1 2 3 Semester 1 Kurikulum 2013

a. naskah
b. impromptu
c. apalan
d. ekstemporan

II. Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep!

1. Ancase yaiku supaya acara iku bisa sumringah lan meriah yaiku ancase sesorah menehi

2. Kaanan pidhato, ora resmi pamicara bisa ngandharake pidhatone miturut….

3. Kawiwitan nganggo tembung kula nuwun utawa Assalamualaikum Wr. Wb. yaiku klebu

4. Metodhe impromptu (serta merta) yaiku metodhe kanthi ….

5. Ana ing sajroning sesorah, biyasane jlentrehake idhe kang awujud

6. Atur pakurmatan, atur panuwun, iku klebu ….

7. Diarani ekstemporan amarga gabungan antarane metodhe naskah lan….

8. Tema yaiku …. crita.

9. Cara sing kapisan sadurunge gawe naskah pidhato iku…. 

10. Dipungkasani kanthi tembung matur nuwun, iku klebu ….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1 Jlentrehna bab kaping pindho kang kudu digatekake nalika gawe sesorah!

2. Geneya menawa sesorah iku wis dadi, kudu dibesut luwih dhisik?

3. Jlentrehna sing ana ing wasana basa?

4. Jlentrehna kakurangane saka metodhe naskah!

5. Apa bedane metodhe impromptu karo metodhe ekstemporan ing pidhato?

6. Jlentrehna miturut panemumu kang kasebut sesorah!

7. Jlentrehna tegese adigang, adigung, adiguna!

8. Sebutna telu bae gunane sesorah!

9. Jlentrehna pambedane kaanan sesorah resmi karo kaanan sesorah ora resmi!

10. Sesorah apa kang trep dianggo pejabat ing sangarepe masarakat?

Untuk melihat kunci jawaban anda dapat klik link berikut ini:

Kunci Jawaban Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

Anda pun bisa download soal di atas pada link berikut ini:

Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Sesorah

Demikian contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Semester 2 tentang Sesorah Kelas 6 SD + Kunci Jawaban yang dapat kami sampaikan, semoga bermanfaat.

Leave a Comment