Soal Penilaian Harian Bahasa Jawa Semester 2 tentang Pacelathon Kelas 6 SD + Kunci Jawaban

Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 6 tentang Pacelathon – Pada kesempatan yang baik ini kami ingin berbagi contoh soal Bahasa Jawa tentang Pacelathon di semester 2 (genap) bagi adik-adik yang duduk di bangku kelas 6 SD.

soal ulangan bahasa jawa kelas 6 pacelathon

Apa sih yang dimaksud dengan pacelathon? Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas tertemtu.

Berikut contoh soal ulangan / wulangan Basa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Kunci Jawaban

Soal Wulangan Basa Jawa Kelas 6 Semester 2

Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang bener!

1. Bab kang ora perlu digatekake nalika nindakake pacelathon, yaiku ….

a. praupan
b. intonasi
c. titi laras
d. lafal

2. Tembung lingga saka tembung pacelathon, yaiku ….

a. celathon
b. celathu
c. pacela
d. palathon

3. Panjenengan rawuha wingi, aku nanggap wayang. Ukara kuwi migunakake basa ….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

4. Gunemane kanca marang kanca kang durung kulina migunakake basa ….

a. krama lugu
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. ngoko alus

5. Mengko sore sida dolan apa ora? Ukara pitakon iku gunakake basa ….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

6. Ukara ing ngisor iki kang diarani ngoko alus, yaiku ….

a. Ibu lagi bae dugi saka pasar.
b. Simbah nembe gerah wajanipun ngantos muwun.
c. Bapak ningali tipi wonten kamar.
d. Pak Lurah ora sida tindak, amarga sukune gerah.

7. Sampeyan bektani ayam ingkang pethak punika?

Ukara pitakon kuwi migunakake basa ….

a. ngoko lugu
b. krama alus
c. ngoko alus
d. krama lugu

8. Ngisor iki ukara kang ora migunakake basa krama alus, yaiku ….

a. Badhe dhateng Klaten, dipuntimbali Bapak.
b. Panjenengan arep tindak ngendi?
c. Bu guru badhe dhateng peken.
d. Ibu menawi mapan sare, mesthi ngunjuk rumiyin.

9. Menawi panjenengan badhe tindak dhateng Semarang, kula ndherek. Ukara kasebut menawa didadekake ngoko alus dadi ….

a. Menawa panjenengan arep tindak menyang Semarang, aku melu.
b. Menawi sampeyan arep tindak dhateng Semarang, kula melu.
c. Menawi sampeyan badhe kesah dhateng Semarang, kula dherek.
d. Menawa sampeyan arep kesah menyang Semarang, aku melu.

Baca Juga:  Soal Ulangan Harian Kelas 6 Tema 3 Subtema 2 Penemuan dan Manfaatnya

10. Gunemane wong kang srawunge wis raket kuwi panganggone basa….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

11. Supaya ancase kang bakal dikandhakake ana sajroning pacelathon isa ditampa kanthi cetha, rembugan kudu ….

a. ngambra-ambra
b. jumbuh karo bab kang diomongake
c. ngayawara
d. milih-milih sapa kang diajak rembugan

12. Gatekna pacelathon ngisor iki!

Bu Lina: “Pak, panjenengan sidane kondure nitih apa?”

Pak Nardi: “Aku mengko arep numpak bis.”

Bu Lina: “Terus kondur apa arep tindak liya enggon, Pak?”

Pak Nardi: “Terus bali kok, Bu.”

Ens Unggah-ungguh kang digunakake dening Bu Lina ing pacelathon kuwi, yaiku ….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

13. Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama lugu, yaiku ….

a. Sampeyan mau wis dhahar durung?
b. Sampeyan kalawau sampun nedha dereng?
c. Panjenengan mau wis dhahar durung?
d. Kowe mau wis dhahar durung?

14. Ridho “Ingkang kalebet tembang Macapat punika ingkang pundi kemawon, Pak?”

Miturut pacelathon kasebut, Ridho gunakake basa ….

a. krama lugu
b. krama alus
c. krama desa
d. ngoko lugu

15. Unggah-ungguh basa kang digunakake dening Pak Guru nalika guneman karo Ridho lan siswa liyane, yaiku ….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 16-19!

Nyuwun Pangestu

Galih “Bu, kula nyuwun pangestu, benjing enjing badhe tes semester loro.”

Ibu: “Dak pangestoni, Le cah bagus, sing garap ya sing tenang, aja seneng nirun kancane ya?”

Galih: “Boten Bu, kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kanca malih, nirun, japlak niku rak boten sae ta, Bu?”

Ibu: “Bener Le, dak dongakake muga muga kowe bisa garap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik!”

Galih: “Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadhiyah nggih, Bu?”

Ibu : “Ah kowe kuwi lho, diwenehi ati ngrogoh rempela.”

Galih: “Hadhiyahe buku wacan sing kathah nggih, Bu?”

Ibu: “Ah, ya embuh, ora sah ngarani dhisik!” Galih “Nggih sampun Bu, kula badhe sinau.”

Ibu : “Ya wis kana sinau sing tenanan!”

16. Cacahe paraga pacelathon ing dhuwur yaiku ….

Baca Juga:  Soal Ulangan Harian Kelas 6 Tema 8 Subtema 3 Bumi Matahari dan Bulan

a. loro
b. telu
c. papat
d. lima

17. Surasane pacelathon kang ditindakake dening Galih lan Ibune yaiku jaluk ….

a. pangestu nalika arep ujian
b. ati ngrogoh rempela
c. hadhiyah
d. dhuwit

18. Nalika guneman marang ibune ing pacelathon kuwi Galih migunakake basa ….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

19. Hadhiyah kang dijaluk Galih menawa antuk juwara yaiku ….

a. tas
b. sepatu
c. hp
d. buku wacan

20. Kowe kesusu mangkat sekolah, ing pinggir dalan ana wong tuwa kang arep nyabrang dalan nanging ora wani. Kang kudu kok tindakake, yaiku ….

a. nerusake laku amarga selak telat
b. nulungi wong tuwa iku nyabrang
c. ethok-ethok ora weruh
d. ngakon kancamu supaya nulungi

21. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Fani : “Bagas, ayo sarapan dhisik sadurunge mangkat!”

Bagas “Wegah, aku jeleh sarapan ing ngomah. Mengko aku jajan bae.”

Wateke Bagas yaiku ….

a. bocah kang sugih dhuwit
b. bocah kang ora ngajeni liyan lan sasenenge dhewe
c. bocah seneng ngirit dhuwit
d. bocah kang lagi prihatin

22. Tina: “Ayo, sing durung diimunisasi, kene enggal melu antri.”

Ing sekolahane ana acara ….

a. lomba kasarasan
b. lomba olahraga
c. imunisasi kanggo para siswa
d. andum panganan

23. Fitri : “…”

Desi: “Ing dalan ngarep perumahan kae, wingi nalika mulih sekolah.”

Pitakone Fitri yaiku …

a. Yagene kowe nganti nemahi kacilakan?
b. Neng ngendi olehmu nemahi kacilakan?
c. Ing ngendi kacilakan iku lan kapan kadadeyane?
d. Sapa bae kang nemahi kacilakan?

24. Bapak nyerat layang kangge Pakdhe. Ukara kuwi migunakake basa ….

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

25. Seneng tetulung iku klebu tumindak….

a. pamer
b. kemaki
c. becik
d. ala

26. Nandur kabecikan tegese ….

a. nonton wong liya tumindak becik
b. seneng nindakake pakarti becik tanpa pamrih
c. maculi lemah banjur ditanduri winih kabecikan
d. ngalang-alangi wong tumindak becik

27. Vita: “Wi, welinge Ibu, kowe didhawuhi ngasahi piring.”

Sing ngakon Dewi supaya ngasahi piring, yaiku .……

a. Vita
b. Bapak
c. Dewi
d. Ibu

28. Bimo: “Sepedhahu iki larang regane Iho, kowe aja nyilih mengko mundhak rusak.”

Baca Juga:  Kunci Jawaban Penilaian Harian Bahasa Indonesia Kelas 6 SD Tema 4 Subtema 1

Saka omongane, katon menawa wateke Hiter Bimo yaiku ….

a. nakal
b. anake wong sugih
c. gembedhe
d. cethil

29. Bu Harun: “Wis, Le, ora usah ngorek-orek papan kene, becike ayo poto bareng kanggo kenang-kenangan.” Wateke Bu Harun yaiku ….

a. galak
b. cethil
c.swicaksana
d. golek senenge dhewe

30. Hanung: “Kabeh kudu manut karo aku, amarga aku anake Kepala Sekolah.” Wateke Hanung yaiku ….

a. boros
b. gumedhe
c. srakah
d. loma

Soal Isian Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

II. Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep!

1. Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo….

2. Basa Jawa sing sakabehane digawe nganggo kosakata ngoko, yalku….

3. Basa sing sakabehane digawe nganggo kosakata krama kasebut….

4. Krama lugu duweni titikan kabeh tembung-tembunge…

5. Panganggone krama alus yaiku wong enom marang …..

6. Basa kang digunakake dening bocah sing durung bisa guneman ganep yaiku ….

7. Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas….

8. Wong kang nindakake pacelathon kudu gatekake……

9. Subasita mujudake tatakrama ing bab

10. Saliyane unggah-ungguh basa, isih ana maneh tatakrama sing kudu diugemi sajroning pacelathon, yaiku sing diarani….

Soal Uraian Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Sebutna unggah-ungguh basa Jawa lan titikane!

2 Gawea tuladha ukara kang nganggo basa krama alus (3 bae)!

3 Kepriye tata-carane nulis pacelathon?

4. Apa bae bab kang kudu digatekake nalika nyemak pacelathon?

5. Sebutna bab kang kudu digatekake nalika nindakake pacelathon!

6. Sebutna paugeran nyemak lan ngrungokake pacelathon!

7 Geneya nalika guneman becike kudu gatekake sapa wong kang dijak guneman?

8. Jlentrehna wujude basa ngoko alus!

9. Apa bae sing dikramakake ing basa ngoko alus?

10. Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi loro, sebutna!

Untuk melihat kunci jawaban anda dapat klik link berikut ini:

Kunci Jawaban Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

Anda pun bisa download soal di atas pada link berikut ini:

Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Pacelathon

Demikian contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Semester 2 tentang Pacelathon Kelas 6 SD + Kunci Jawaban yang dapat kami sampaikan, semoga bermanfaat.

Leave a Comment