Di bawah ini merupakan kunci jawaban soal ulangan tengah semester UTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2. Bilamana dalam penyampaian kunci jawaban di bawah kurang benar anda dapat memberi tahu kami lewat komentar atau email ke admin kami.
Jika anda menginginkan soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 anda dapat KLIK DISINI. Untuk soal UTS ini hanya sekedar buat latihan persiapan menghadapi penilaian tengah semester yang sesungguhnya.
Berikut Kunci Jawaban Soal Latihan UTS PTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 dilengkapi dengan pembahasan bisa anda simak berikut ini:
Jawaban dan Pembahasan UTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester Genap
I. Pilihan Ganda
1. C. guneman
Pembahasan:
Pacelathon iku minangka wujud komunikasi saben dina.
2. A. informasi
Pembahasan:
Kanthi nindakake pacelathon, kowe bisa antuk informasi saka wong liya
3. a. ngoko lugu
Pembahasan:
Menawa wong kang lagi ngudarasa migunakake basa ngoko lugu.
4. C. surasane
Pembahasan:
Bab kang ana gayutane karo unggah-ungguh ana ing antarane: umur, peprenahan, drajat/pangkat, luhuring bebuden, keturunan, lan kenalan anyar.
5. b. ngoko alus
Pembahasan:
Kang dadi titikane ngoko alus yaiku tetembungan ngoko kacampuran krama inggil. Tembung krama inggil kanggo wong sing diajak guneman. Sing dikramake inggil tembung sesulih lan tembung kriya. Ater-ater lan panambang tetep ngoko.
6. C. krama lugu
Pembahasan:
Krama lugu wujude tembung-tembunge krama kabeh.
Panganggone:
- a. Marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
- b. Garwane priyayi marang sing kakung.
- c. Priyayi marang sadulure tuwa kang luwih cendhek drajate.
- d. Wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
- e. Kanca kang lagi tetepungan.
7. C. krama lugu
Pembahasan:
Krama lugu wujude tembung-tembunge krama kabeh tanpa kacampuran krama inggil.
Panganggone:
- a. Marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
- b. Garwane priyayi marang sing kakung.
- c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajate.
- d. Wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
- e. Kanca kang lagi tetepungan.
8. d. krama alus
Pembahasan:
Krama alus wujude, tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).
Panganggone:
- a. Wong enom marang wong tuwa.
- b. Batur marang bendarane.
- c. Murid marang gurune.
- d. Andhahan marang pimpinane.
- e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
9. C. krama lugu
Pembahasan:
Krama lugu wujude tembung-tembunge krama kabeh tanpa kacampuran krama inggil.
Panganggone:
- a. Marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
- b. Garwane priyayi marang sing kakung.
- c. Priyayi marang sadulure tuwa kang luwih cendhek drajate.
- d. Wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
- e. Kanca kang lagi tetepungan.
10. b. jumbuh karo bab kang diomongake
Pembahasan:
Nalika lagi omong-omong luwih becik ora ngambra ambra, cukup apa sing prelu diomongake bae supaya ora ngayawara lan dadi gosip kanggo wong liya, lan apa sing arep diomongake kalaksanan.
11. a. purwaka basa
Pembahasan:
Pratelan ing dhuwur perangane sesorah kang kasebut purwaka basa.
12. b. surasa basa
Pembahasan:
Gempilan sesorah ing pitakonan bisa klebu perangan surasa basa.
13. c. wasana basa
Pembahasan:
Perangane tanggap wacana ing pitakonan diarani wasana basa.
14. a. tanggap wacana
Pembahasan:
Tanggap wacana yaiku medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa jlentrehake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya.
15. b. tema
Pembahasan:
Tema yaiku cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana.
16. d. surasane wedharan
Pembahasan:
Surasane wedharan yaiku cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati karembug, underaning rembug, dudutan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani.
17. d. kepriye swasanane
Pembahasan:
Wose medhar sabda kang surasane jumbuhake karo kaanan yaiku kepriye swasanane.
18. a. pambuka
Pembahasan:
Pambuka yaiku perangane teks tanggap wacana kang isine bagekake lan ngucapake sokur.
19. b. krama inggil
Pembahasan:
Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku krama inggil.
20. d. ngoko alus
Pembahasan:
Pak Dhokter mau dhawuh karo Simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake ing soal yaiku ngoko alus.
21. b. medhar sabda
Pembahasan:
Sesorah iku ing bebrayan Jawa asring sinebut uga medhar sabda.
22. a. (1) lan (2)
Pembahasan:
Bab kang kudu digatekake nalika gawe sesorah yaiku kaya mangkene.
- a. Nyiapakake underan/tema sesoran.
- b. Nyiutake tema dadi irah-irahan (judhul).
- c. Nliti kaanan pamiarsa.
- d. Gawe cengkorongan/kerangka sesorah.
- e. Nemtokake ancase/tujuwane sesorah.
- f. Ngumpulake bahan sesorah.
- g. Ngembangake/ngrembakake cengkorongan.
- h. Gladhen sesorah.
23. b. (3) lan (4)
Pembahasan:
Bab-bab sing kudu digatekake anggone sesorah yaiku kaya mangkene.
- a. Intonasi.
- b. Sikap.
- c. Gaya basa lan diksi.
- d. Wirama.
24. b. pengalaman
Pembahasan:
Sesorah cara dadakan kuwi, sesorah sing ora kanyana nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe.
25. c. cathetan
Pembahasan:
Sesorah cara ekstemporan, juru pamedhar sabda kudu gawa cathetan cilik minangka gaman utawa pangeling eling urutaning isi sing bakal kawedharake.
26. C. ekstemporan
Pembahasan:
Sesorah kanthi cara ekstemporan biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.
27. d. naskah
Pembahasan:
Sesorah kanthi cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning sesorah banjur diwaca sawutuhe.
28. a. uluk salam
Pembahasan:
Uluk salam/salam pambuka isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng dalu, utawa salam liyane.
29. b. Purwaka
Pembahasan:
Purwaka iku isine puji sukur marang Gusti dene isih bisa ketemu nindakake acara iku. Uga matur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ana ing acara iku.
30. d. luwes basa lan ature
Pembahasan:
Supaya bisa nampa isine sesorah kang disemak, kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki.
- a. Gambarake jero pikiran.
- b. Ngumpulake katrangan.
- c. Ngajokake pitakonan.
- d. Nemokake pola organisasi informasi.
- e. Nyathet katrangan kang wigati.
- f. Munjeraken kawigatosan/memusatkan perhatian.
II. Isian
1. wirama sesorah
2. saur-sauran
3. impromtu
4. memoriter
5. manuskrip
6. ancase sesorah
7. sesorah
8. ancas atur kabar
9. pakurmatan
10. busana sesorah
III. Uraian
1. Teks pacelathon kerep gunakake tembung pitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi, lan kapan.
2. Kang kudu ana ing teks pacelathon yaiku kaya mangkene.
a. Wujude guneman.
b. Jeneng paragane ditulis.
c. Sawise jeneng paraga diwenehi tandha wacan titik loro (:).
d. Guneman ditulis ing jero tandha kutip ( “….”).
e. Katrangan panggonan, wektu, lan swasana ditulis ing jero tandha kurung ().
3. Bab sing kudu digatekake yaiku pawongan sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/gamblang perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh.
4. Tuladhane sesorah atur kabar umpamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang, lan sapiturute.
5. Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi.
6. Sesorah utawa sesorah cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning sesorah banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biyasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi.
7. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tujuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.
8. Sesorah kanthi cara naskah duweni ancas supaya ora mlenceng karo ancas sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates.
9. Uluk salam/salam pambuka Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng ndalu utawa salam liyane.
10. Purwaka isine puji sokur marang Gusti dene isih bisa ketemu nindakake acara iku. Uga matur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ana ing acara iku.
Demikian Kunci Jawaban Beserta Pembahasan Soal UTS PTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 yang dapat kami sampaikan, semoga semua jawaban di atas benar.
Anda bisa melihat soal UTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 pada link berikut ini:
Soal Ulangan Tengah Semester UTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2
Bilamana menginginkan kunci jawaban di atas anda bisa downloadnya pada link berikut ini, untuk file jawaban dalam bentuk PDF
Kunci Jawaban Beserta Pembahasan Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2