Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Kunci Jawabannya – Halo adik-adik, selamat datang di jawoh.com berikut admin akan membagikan contoh soal ulangan harian Bahasa Jawa kelas 6 SD semester genap kurikulum 2013 beserta kunci jawaban.
Contoh soal latihan bahasa Jawa kelas 6 semester 2 tahun 2021/2022 dalam penulisannya sudah sesuai kaidah penulisan soal saat ini seperti HOTS dan lain sebagainya. Soal ini dapat diakses secara online maupun offline.
Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 ini dapat dijadikan sebagai referensi adik-adik belajar persiapan menghadapi UTS/PTS, UAS/PAS, UKK/PAT serta Ujian Sekolah. Soal juga sudah dilengkapi dengan kunci jawaban yang ada di bawah postingan soal.
Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Kunci Jawaban
Soal Bahasa Jawa Kelas 6 berikut berisi soal pilihan ganda, soal essay/isian, dan soal uraian. Sedangkan jumlah soal pilgan adalah 15 butir soal, soal essay 10 butir soal, dan 5 buitr soal uraian.
I. Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2
1. Pratelan sesorah ing ngisor iki jenenge ….
Ibu wali kelas ingkang kinurmatan. Para kanca kelas VI ingkang kula tresnani Puji syukur kaaturaken dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat dhumateng kita sedaya.
a. wasana basa (penutup)
b. surasa basa (isi)
c. purwaka basa (pambuka)
d. salam pembuka
2. Assalamualaikum, salam sejahtera, sugeng enjang, sugeng sonten, lsp, iku kalebu perangan sesorah kang aran….
a. surasa basa (isi)
b. salam pambuka
c. purwaka basa (pambuka)
d. wasana basa (panutup)
3. Cekap semanten atur kula Menawi wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami
Pratelan sesorah ing nduwur iku arane….
a. salam pambuka
b. surasa basa (isi)
c. wasana basa (panutup)
d. salam penutup
4. Perangan sesorah kang isine nerangake maksud lan inti sesorah yaiku ….
a. salam panutup
b. salam pambuka
c. wasana basa (panutup)
d. surasa basa (isi)
5. Perangan sesorah kang isine ngaturaken sugeng rawuh marang para tamu iku kalebu perangan kang arane….
a. salam pambuka
b. surasa basa (isi)
c. salam panutup
d. purwaka basa (pambuka)
Gatekna pratelan sesorah ing ngisor iki!
Ing dinten menika, kita sesarengan makempal wonten ing upacara pahargyan Hari Pendidikan Nasional. Kita sami mangertos bilih pendhidhikan ingkang saged kita nikmati sesarengan punika mboten saged pisah saking jasanipun Ki Hadjar Dewantara.
6. Pratelan sesorah ing nduwur nuduhake yen sesorah iku diwaca nalika….
a. Pengetan dinten Pendhidhikan Nasional
b. Pengetan dinten Kamardhikan
c. Pengetan dinten Kartini
d. Pengetan dinten Olahraga Nasional
7. Manut pratelan ing nduwur, sesorah iku nduweni tema ….
a. lingkungan
b. pendhidhikan
c. kesehatan
d. kebersihan
8. Tembung kempal padha tegese karo tembung ….
a. teka
b. mara
c. bareng
d. kumpul
9. Supaya bisa nindakake pidhato kanthi becik, kudu kerep…
a. takon
b. sinau
c. gladhen
d. nggawe teks
10. Manawa pidhato nggawa teks, polatane ora kena …
a. nyawang teks terus
b. nyawang tamu
c. nyawang pamiyarsa
d. nyawang kiwa tengen
11. Nindakake pidhato becike nggunakake basa …
a. krama lugu
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. ngoko alus
12. Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken….
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
13. Tiyang sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kedah teteg, jejeg, mantep, astangapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut. Ateges nggatosaken ….
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
14. Kula minangka pranata adicara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur saestu kula nyuwun pangapunten.
Tembung galap gangsuling atur tegese….
a. kaluputan panggonan/ papan
b. kaluputan anggone matur/ngomong
c. kaluputan wektu
d. kaluputan sandhangan/ dandanan
15. “Dhumateng Bapak Kepala sekolah SDN Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Tembung “basuki” tegesipun….
a. alangan
b. diajeni
c. diormati
d. slamet
II. Soal Essay UH PH Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2
1 Matur nuwun dhumateng bapak/ibu guru ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Nggulawentah tegese….
Gatekna sesorah ing ngisor iki !
Mangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan kanikmatan, satemah saged kempal ing pahargyan Perpisahan Siswa Kelas VI tamatan warsa 2021/2022 ing dinten Sabtu, 23 Juli 2021 ing SD Negeri 1 Ilmu kanthi widada nir ing sambekala.
2. Nitik saka ukarane, pethikan ing dhuwur klebu perangan …. sesorah
3. Tembung “warsa” tegese ….
4. Tembung “pinaringan padha tegese karo ….
5. “Gusti Allah ingkang Akarya Jagad”. Akarya Jagad tegese…..
6. “Pinanggih kanthi widada nir ing sambekala” Widada tegese ….
7. Sesorah atur pambagya patrape tangan yaiku …..
8. Sesorah sawise ngucap salam banjur atur…
9. Pratelan sesorah ing ndhuwur isine….
10. Sesorah ing dhuwur kaleksanan ing wektu…..
III. Soal Uraian Bahasa Jawa Kelas 6 Semester Genap
Wacanen sesorah iki!
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Kawula nuwun,
Bapak/Ibu Kepala Sekolah SDN Nusantara ingkang kinurmatan
Bapak saha Ibu Guru kula ingkang pantes kinabekten
Bapak Ibu Pengurus Komite Sekolah ingkang kula urmati
Para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya.
Ingkang sepisan mangga tansah ngaturaken raos syukur dhu-mateng Gusti Allah ingkang Akarya Jagad, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan bagas waras, satemah saged kempal ing pahargyan PERPISAHAN SISWA KELAS VI tamatan warsa 2021/2022 ing dinten Kemis Wage 9 Juni 2020 ing SDN 3 wilujeng tanpa pambeng.
Kepareng ing kalodhangan punika kula ngaturaken sugeng rawuh menggah karawuhan panjenengan tumunten dipun-sekecakaken anggenipun lelenggahan.
Ingkang kaping kalih, katur dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah kula ngaturaken panuwun awit sampun kaparingan idi palilah ugi saubarampenipun kangge pahargyan punika ingkang ndayani lampahing adicara mangke lancar lan migunani sedayanipun
Bapak ibu guru ingkang kinurmatan keparenga ing ngriki kula sakanca badhe medhar ingkang dados raos pangraosing manah. Boten keraos sampun 6 warsa, necep kawruh saha ngelmu saking panjenengan, kapeksa kula nilaraken SD Nusantara kangge nglajengaken gegayuhan kula. Estu bilih panggulawenthah ingkang panjenengan dhawuhaken boten muspra tanpa guna. Pranyata sih tresna antawisipun dwija dhumateng siswa boten saged musna dening kalamangsa. Eman dene kula boten saged nimbangi sedaya kesaenan panjenengan, mila atur kula punika minangka sulih sedaya kesaenan ingkang tumanduk dhumateng kula. Mugi katampi kanthi remening penggalih tundhonipun dados amal kesaenan satemah pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Allah Keparenga ing titiwanci punika kula nyuwun pamit nilar sedaya ingkang kula tresnani ing ngriki Donga lan pangestu panjenengan tansah kula suwun nyarengi lampahipun mbujung gegayuhan kula.
Kaping tiganipun kula atur piweling dhumateng adhi-adhi kula kelas setunggal dumugi gangsal Inggih punika supados mbangun turut dhumateng sedaya dhawuh lan awisanipun bapak ibu guru. Ugi kula suwun nglajengaken pakarti ingkang sae lan tansah sengkud sinau, satemah dados lare ingkang saged njunjung drajading bangsa lan nagari.
Mekaten ingkang saged kula aturaken Pinangka wakilipun kanca-kanca, kula nyuwun pangapunten menawi anggen kula matur kathah klenta-klentu lan lepatipun Kupat bumbune santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten Nuwun,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
1. Puji sokur diaturaken karo sapa?
2. Sapa sing lagi sesorah?
3. Kapan sesorah iku mau ditindakake?
4. Apa acarane mau?
5 Sapa bae tamu sing rawuh acara mau?
6. Apa sing ditampa siswa ing sekolahan?
7. Apa welinge sing sesorah kanggo adhi-adhi kelase?
8. Apa sing disuwun marang bapak ibu gurune, sawise dheweke lulus?
9. Sapa kang maringi idi palilah pahargyan mau?
10. Arep menyang ngendi sawise lulus sekolahe?
Kunci Jawaban Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 Kurikulum 2013
I. Pilihan Ganda
- C
- B
- D
- D
- D
- A
- B
- D
- C
- A
- B
- C
- B
- B
- D
II. Isian
- Momong
- Purwaka basa
- Taun
- Menehi
- Nyiptakake donyo
- Slamet
- Ngapurancang
- Puji syukur lan atur kinormatan
- Perpisahan kelas 6
- Sabtu, 23 Juli 2021
III. Uraian
1. Allah ingkang Akarya Jagad
2. wakil kelas 6
3. Kemis Wage 9 Juni 2021
Ralat tertulis dalam sesorah: Kemis Wage 9 Juni 2020 ing SDN 3
Yang benar Kemis Wage 9 Juni 2021 ing SDN Nusantara
4. Perpisahan kelas 6
5. Bapak/Ibu Kepala Sekolah SDN Nusantara
Bapak saha Ibu Guru SDN Nusantara
Bapak Ibu Pengurus Komite Sekolah SDN Nusantara
Para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh ing SDN Nusantara
6. necep kawruh saha ngelmu
7. mbangun turut dhumateng sedaya dhawuh lan awisanipun bapak ibu guru, nglajengaken pakarti ingkang sae lan tansah sengkud sinau, satemah dados lare ingkang saged njunjung drajading bangsa lan nagari
8. Donga lan pangestu
9. Bapak/Ibu Kepala Sekolah
10. SMP
Demikian contoh soal latihan ulangan harian UH PH Bahasa jawa Kelas 6 Semester 2 Kurikulum 2013 beserta Kunci Jawaban yang dapat kami sampaikan, semoga bermanfaat.